Rabu, 28 September 2016

Janturan Jejer Ngamarta

Dhalang : Ki Seno Nugroho
Lakon “Bratalaras Rabi”
Krapyak, Seyegan, Sleman, Yogyakarta - 7 Mei 2016
Sumber video : https://www.youtube.com/watch?v=5JAYdc8g2O8


Hening sesanti / nir kumaraningrat pamundita sinaput ing kaheningan / ulun narbuka wiwaraning kandha ginupit langening budaya luhur / mrih dadiya tepa palupi marsudi teteping darma ing reh kautaman // hanenggih pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa / puwaning tembung kaeka marang sawiji / dasa : sepuluh; purwa : wiwitan; madya : tengah; wasana : pungkasanira / hadi lenggah marang linuwih lamun kapadosan satus tan antuk kalih sewu tan jangkep tetiga // kathah titahing jawata ingkang kasangga pertala kamulaning akasa / sarta kathah nagari ingkang sami anggana raras / mboya akadi negari Ngamarta / ya ing negari Indraprastha ya ing Mbatana Kawarsa ingkang kinarya bebukaning cinoroning kawi / nalika semanten pitados kaliyan ujaring pujangga / negari Ngamarta kinarya bebukaning carita wenang den pocapake negara panjang... punjung pasir wukir loh jinawi / gemah ripah karta tata tur raharja / panjang werdining dawa punjung aranira dhuwur sineksen kawula dalem tiyang alit sumawana narendra manca nagari narendra ing Ngamarta tuhu narendra ingkang dawa kuncarane / dhuwur kasinggihanira sarta jembar pulatane / ketitik surya pantaraning ratri palupa ing sesami dhemen anggegenjar marang kawulane paring boga kadang saha kawula ingkang nandhang kaluwen / paring obor kadang saha kawula ingkang nandhang pepeteng jagate // pasir... pawukir pasir : samodra wedhi; wukir : harga // sinawang saking mandrawa lenggahing negari Ngamarta ngajengaken wukir dhedhangka mengkeraken samodralaya / nengen – keringaken pasabinan kinapit benawi saha mangku banjaran agung / lir samodra kang tanpa tepi jembar rupaking nagari pranyata kacandra // loh jinawi loh werdining siti tumumpang warih jinawi tulus kang sarwa tinandur / subur kang sarwa tinancepake kinarya pratandha / wiji datan tumanem kabekta kukila miber kecer dhawah mungguhing sela / satemah thukul ijo royo – royo gegodhongane / angrembaka woh - wohane / goring cinarita ujaring dalem tiyang alit nandur pisang bisa awoh kencana salagune kukuse wae mujudake cindhe / gemah sarta ripah gemah lakuning dagang layar nahkodha bakulan lan sapanuggalanira / surya pantaraning ratri dalidir tan ana pedhote lan tebih saking sangsayaning dedalan / ripah mratelaake kathah kawula dalem tiyang alit ingkang sami suwita yen dinulu papan jembar katingal rupak jejel riyel apipit adu tritis nadyanta kathah pasuwitaning kawula dalem tiyang alit // negari Ngamarta wenang den pocapake karta tata tur raharja kabekta duk nalika samana negari adoh saka lakuning parangmuka / adoh saka lakuning kadurjanan / ora ana kawula ingkang darbe pakarti cecengilan panasthenan melik darbeking liyan / nadyan kathahing kawula dalem tiyang alit ingkang sami nggadhahi ingah – ingahan pitik, iwen, kambangan, maesa lan sapiturute / rina pantaraning ratri datan den kandhangake sarta kacancang pranyata boya ajrih lamun kaicalan // nagari Ngamarta adoh saka lakuning parangmuka karana sakathahing abdi dalem kawula alit ingkang abdi dalem bupati surya pantaraning ratri / ngatingalaken manunggaling karsa angangkat karyaning praja semanten kabeh ta wau lumahing bumi kureping akasa kathah negari ingkang sajuga negari Indraprastha / ya negari Ngamarta yasaning satunggiling jawata ingkang dibya sura sekti pramila ngantos jaman samangke katingal ageng daya perbawaning kraton // wenang den pocapake gawat kliwat wingit sato mara sato mati jalma mara keplayu / kinarya pratandha goring carita kukila miber ngungkuli kraton dhawah kantaka luntah ludira dadi lan sirnane / barat kang nempuh kraton mangemper – emper mendhung ngungkuli myang padha sakala / kampuhaning kraton ingkang semanten wancine antuk keparenging jawata sampun dumugi titi wanci sura sudira janingrat lebur dening pangastuti saha wiwalating narendra // lah sapa ta wau dasanamanira narendra ingkang handhepani nagari / dasa : sepuluh; nama wus mesthani ajejuluk sang nata Prabu Sri Darmakusuma, ya sang Puntadewa, ya sang Gunatalikrama, ya sang Ajathasatru, ya nata sang Sadha Dwija Kanka / narendra adhedhasar soma pida dana dhendha lire datan ambau katine / ri sajuga lenggah madyaning dhampar kayap sanggyaning para biyata ingkang samya hanggung ketanggung jaka palara – lara ingkang samya ngampil upacaraning keprabon / banyak dhalang sawunggaling kacuwasta dwipangga kang sarwa rukma / ginebutan laring manyura kanan kering kongas gandaning sang nata pindha klayangan mblabar dumugi ing pangurakan / tembene kang uninga srana sipat kamanungsane / kang yayah Sang Hyang Bathara Dharma hangejawantah binayang – bayang sanggyaning hapsara – hapsari // pepahandher sagung kang samya sumewa yayah robing samodra ing dhedharatan hanggenggeng pasebaning para nayaka para punggawa miwah para kawula lir samodra angeruking dhehdharatan miwah sanggyaning para kadang ingkang sampun kepareng lenggah ing madyaning dhatulaya / kepareng ngaggelah yayah prayitna ing kewuh punika ta warnane / kadang nata satriya ing Unggul Pawenang inggih ing Jodhipati Raden Harya Werkudara, ya Bratasena, ya Wijasena, ya sang Kusumayuda, ya sang Kusumadilaga / tajem ulatane gagah pideksa godheg wok simbar jaja tur ta kasinungan kasekten linangkung bebasan tinatah mendat, jinoroh menter, tinumbak bengkung, sinuduk putung / mila datan mokal lamun tansah cinaket dening sang nata ing Ngamarta sang Prabu Darmakusuma / datan kantun pilenggahipun wuragiling pandhawa satriya ing Sawojajar tuwin Bumiretawu ya Raden Nakula Sadewa, ya Pinten Tangsen kembar busana kembar wicara receh angudang asih pangandikane // ndadak sakala ing mangke kagyat jroning driya sang nata Prabu Dharmakusuma dupi mulat rawuhipun raka kekalih nata Dwarawati tuwin nata ing Mandura / tambuh – tambuh sutaning galih paran wigatospun dene keng raka sampun kepareng rawuh wonten ing nagari Ngamarta // hanginggih handher... mblabar sanggyaning para nayaka ingkang samya nggantung pasisiran parandene jinem jenjem madyaning pasewakan agung nadyan gegodhongan tan ana kang obah samirana datan lumampah / kaperbawan wingit wimbane sang nata ing Ngamarta Prabu Puntadewa // ndadak sakala ing mangke ana tengara tandha sang nata arsa medhar pangandikan / meriem pusaka ngamarta mangambal – ambal ing antariksa // sang nata arsa amurwani pangandikan / kaya mangkana wijining pangandika sang nata Prabu Dharmakusuma ingkang dereng kababaring lesan. (alf – 09/16)

Jumat, 09 September 2016

Membuat Password yang Baik dan Benar

tips password
password

Tips membuat password yang baik dan benar :
  1. Panjang karakter minimal 8 (delapan) karakter.
  2. Pembuatan password mengandung kelompok -  kelompok sebagai berikut :
    • Kelompok karakter (Besar/Kecil). Contoh: A,B,C,a,b,c,……
    • Kelompok angka. Contoh: 0,1,2,3,4,5,6,7,8,9
    • Kelompok simbol. Contoh: ,./<>?;’:”[]\{}|1234567890-=+_`~
  3. Password jangan mengandung identitas diri
  4. Gunakan kata – kata yang tidak umum atau bila perlu kata - kata yang nyeleneh
  5. Contoh : b0BrOx ; Ut@r4s3G@rA ; b3L1N6

Jumat, 13 Mei 2016

Konfigurasi VOIP

Konfigurasi VOIP


Disusun oleh :
Alfeus Dwiky (01)
Amanda Oktaviyani (02)
Fitri Nur Rahmawati (11)
Reva Rosilawati K. D. (23)
XI TKJ B
SMK NEGERI 2 KLATEN 
2015 / 2016

 I.   JUDUL
     Konfigurasi VoIP (Trixbox) dengan menggunakan kabel LAN

II.  TUJUAN
     -  Untuk mempelajari bagaimana cara mengkonfigurasi server VoIP pada Trixbox
     -  Mampu mengkonfigurasi aplikasi trixbox sebagai server.
     -  Mampu menggunakan 2 laptop sebagai client
     -  Agar dapat mengaplikasikan VoIP dalam Trixbox dan juga menggunakan Zoipper .

III. ALAT DAN BAHAN
     -  PC (Personal Computer)
     -  2 Laptop
     -  Switch
     -  Kabel UTP
     -  Headphone

IV.  LANDASAN TEORI
     Trixbox adalah sebuah VoIP server yang dbuat menjadi satu dengan system operasi yaitu Lnux CentOS. Trixbox bersifat Open Source, artinya setiap orang dapat mengetahui source code  programnya dan dapat diperoleh secara gratis. Trixbox terdiri dari komponen – komponen sebagai berikut :
     ·  System operasi         : CentOS Linux
     ·  Database               : MySQL
     ·  VoIP                   : Asterisk
     ·  Tampilan GUI           : FreePBX
      
     Selain komponen – komponen diatas Trixbox juga memiliki beberapa fitur – fitur yang sangat mendukung perkembangan VoIP dengan menggunakan software softswitch Trixbox. Adapun fitur – fitur  dalam software softswitch Trixbox adalah sebagai berikut:
     ·  AMP (Asterisk Management Portal) fitur ini adalah sebuah fitur yang sangat luar biasa, karena dengan fitur ini konfigurasi dapat dilakukan lewat interface web tanpa harus mengedit file konfigurasi.
     ·  ARI (Asterisk Recording Interface) fitur ini berfungsi untuk menyimpan percakapan baik percakapan keluar (outgoing) maupun percakapan kedalam (incoming).
     ·  Flash Operator Panel merupakan sebuah fitur yang berguna untuk monitor semua extensi secara real time berbasis web.
     ·  Fax Support (SpanDSP) merupakan sebuah fitur yang memperbolejhkan Asterik untuk menerima Fax.

     Trixbox dapat diinstal di komputer biasa, tidak harus komputer server. Untuk komputer biasa  kebutuhan minimal untuk dapat menginstall Trixbox yaitu sebagai berikut:
     ·  Pentium II 350 MHz
     ·  Memori 256 MB
     ·  Harddisk dengan ruang kosong minimal 4 GB
     ·  LAN card 10/100 Mbps
     ·  CD-ROM

V.   LANGKAH KERJA
     1. Pertama kita install trixbox didalam virtualbox . penginstalan trixbox dalam virtualbox pada umumnya sama dengan cara penginstalan sistem operasi lainnya didalam virtualbox . setelah selesai maka tampilan awalan sebuah trixbox adalah seperti pada gambar dibawah ini :


     2. Kemudian klik enter , pilih layot keyboard , klik oke     

     3. Selanjutnya pilih time zonenya , klik oke

     4. Kemudian kita isikan password root trixbox , klik oke 

     5. Kemudian kita tunggu proses penginstalannya

     6. Setelah itu kita hilangkan centang pada perangkat nya , lalu kita lakukan reset ,setelah itu trixbox sudah dapat digunakan , lihat seperti pada gambar dibawah ini :

     7. Selanjutnya kita atur networknya dengan menggunakan 2 adapter 

     8. Selanjutnya akan masuk pada login pada trixbox , masukkan trixbox1 login dan passwordnya :

     9. Setelah kita telah bisa masuk pada trixboxnya , kita akan melakukan suatu konfigarasinya . ketikkan perintahnya seperti ini system-config-network-tui kemudian enter , lihat pada gambar dibawah ini 

    10. Selanjutnya akan melakukan konfigurasi seperti berikut pilih edit device , lalu kita enter :

    11. Kemudian kita melanjutkan konfigurasinya pada eth0 , lalu enter 

    12. Selanjutnya kita masukkan Ipnya , lalu pilih oke 

    13. Selanjutnya kita konfigurasi pada eth1

    14. Konfigurasi Ipnya , lihat pada gambar dibawah ini

    15. Kemudian akan kembali lagi , kita melakukan konfigurasi lagi dengan pilih edit DNS configuration .

    16. Konfigurasi Ipnya , lihat pada gambar dibawah ini :


    17. Setelah semua telah dikonfigurasi , kemudian kita restart

    18. Langkah berikutnya kita cek IP nya , ketikkan Ifconfig


    19. Langkah selanjutnya adalah kita menginstall aplikasi Zoiper , setelah aplikasi Zoiper sudah terinstal dengan baik , kita lanjut dengan melakukan konfigurasi IP client agar kita bisa terkoneksi dengan IP server . 

    20. Setelah kita mengkonfigurasi IP client , selanjutnya kita lanjut dengan konfigurasi VoIP yang  ada TrixBox . kita masuk di browser dan ktikan IP yang telah kita setting tadi . lihat pada gambar dibawah ini :

    21. Authentication Required untuk memasukkan Username dan password . kita isi username dengan maint dan passwordnya (password dari konfigurasi sebelumnya) .

    22. Langkah selanjutnya adalah kita klik pada PBX , kita pilih pada PBX Setting 

    23. Setelah kita masuk di PBX setting kita pilih Extensions

    24. Langka selanjutnya adalah kita menambahkan Extensions nya , lihat pada gambar dibawah ini :





    25. Setelah selesai menambahkan Extensions nya kemudian kita Submit , lalu kita tunggu hingga berhasil





    26. Kemudian kita bisa mencobanya 











A.      VI.    Kesimpulan

       Kita bisa lebih mengetahui dan memahami tentang cara mengkonfigurasi VOIP di Trixbox OS.
B.       VII.  Daftar Pustaka