Kamis, 19 Maret 2015

Sesorah Tema Budi Pekerti Siswa


Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dewan Juri ingkang satuhu kinurmatan.
Para Peserta lomba sesorah ingkang kula urmati.
Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita ngaturaken puja-puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat kawilujengan dhumateng kita, saengga kita saged makempal wonten ing mriki kanthi bagas kasarasan. Kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng juru pranata wicara ingkang sampun paring wekdal dhumateng kula supados ngaturaken sesorah kanthi tema “Ngrengkuh jati dhiri minangka pambanguning budi pekerti”
Dewan Juri ingkang dhahat kinurmatan.
Budi pekerti punika asalipun saking tembung Budi lan Pekerti. Wonten ing basa jawa “Budi” punika tegesipun nalar, pikiran, utawi watak. “Pekerti” punika tegesipun pedamelan, watak, utawi akhlak. Dados budi pekerti inggih punika pedamelan ingkang mijil saking gagasan ingkang resik lan becik. Tujuan budi pekerti inggih punika:
1.    Nyipta watak ingkang sae lan tanggel jawab,
2.    Ngagengaken raos nyingkur dhumateng pedamelanlan utawi watak ingkang mboten sae saha ngrisak jiwa raga,
3.    Ngagengaken grengseng saha semangat ing jiwa lan raga.
Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan
Kangge mbangun budi pekerti ingkang luhur, kita kedah mangertos sarana-sarana ingkang saged nuwuhaken budi pekerti ingkang luhur. Sarananipun inggih punika:
1.    Tuntunan saking tiyang sepuh
Wiwit alit, lare kedah dipunwulang tata krami sarta unggah-ungguh ingkang becik lan sae, murih saged nggadhahi rasa kurmat dhumateng sasama lan tiyang sepuh.
2.    Sekolah / Pawiyatan
Sekolah saged nuwuhaken rasa budi pekerti ingkang sae dhumateng para siswa kanthi sarana piwulang-piwulang saking guru, pendhidhikan karakter, piwulang agama, sarta seni lan budaya.
3.    Tembang-tembang Jawi
Kita minangka tiyang Jawi kedah mangertos tembang-tembang jawi ingkang nggadhahi teges ingkang sae, kayata tembang macapat. Saben tembang macapat nggadhahi watak benten-benten, wonten watak ingkang sae lan ala. Kita kedah nuladha watak tembang ingkang sae lan kedah nyingkur watak ingkang ala.
4.    Carita ringgit
Carita ringgit nggadhahi teges-teges ingkang sae. Upaminipun, kita kedah nuladha para Pandhawa ingkang nggadhahi watak jujur, luhur, andhap asor, remen tetulung ugi ikhlas. Ananging sampun ngantos nuladha para Kurawa, amargi punapa? Amargi kurawa nggadahi watak culika, licik, srakah, remen nyakrabawa ala, remen pados bandha lan panguwaos.
5.    Tatakrama lan Tatasusila
Tatakrama saged mawi patrap, caranipun lenggah, micara lan liya-liyanipun. Bab-bab ingkang kalebet tatasusila inggih punika walaka (jujur), welas asih dhumateng sesami, sampun ngantos sesidheman, nyingkur tuladha-tuladha ingkang ala, njagi karukunan, sabar, narima ing pandum, nuwuhaken semangat gotong royong.
Para rawuh ingkang kula urmati
Kanthi wontenipun lan majuning pendhidhikan ing bangsa Indonesia punika, kula nyuwun mugi-mugi siswa-siswi Indonesia saged dados tiyang ingkang berkwalitas lan nggadahi budi pekerti ingkang luhur saengga saged ngluhuraken asma lan nggayuh jati dhiri bangsa tuwin nagari Indonesia.
Mbok bilih wonten kiranging atur saha kirang trepsilaning tindak-tanduk anggen kula matur, mawantu-wantu nyuwun sih lubering samodra pangaksami. Tahu kupat kecemplung santen, wonten lepat nyuwun pangapunten. Wasana cekap semanten.

Akhirul kalam Wabilahit taufiq wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar